Sunday, October 4, 2015

Abdul Adjib, Uun Kurniasih, Wa Dulatip - Cekcok

Uun:
Uma uma wis taunan.
Mekaya ora karuan.
Wong lanang doyan demenan.
Beli niat urip temenan.

Pager doyong pribasane.
Ya apa gebrage bae, ya wong lanang.

Adjib:
Aja Nyalahaken kita.
Sing salah si badan ira.
Sebabe bonggane sapa.
Beli bisa ngrawati dunya.

Duit nyanding angger prapas.
Dasar sira awak bungbas, ya wong wadon.

Uun:
Menang dewek bae.
Padahal bungbas deweke.
Pira sih bayarane?
Mader sedina Nope.

Beli ngalor, beli ngidul
Duit prapas kanggo kebul.

Adjib:
Dadi karepe kepriben?
Yen sira wis ora tlaten

Uun:
Isun wis nekad lan ngotot
Adjib:
Srog ngomonga aja isin.

Uun:
Ibarat wong mikul abot.
Kepengene liren dingin, ya wong lanang.

Uun:
Arep cukupe sing endi
Sedina bloli sekati
Pengene udude puti
Pakean pengene bersi.

Kula pegel nglakonane
Suka pragat ya jodone, Ya Walebe.

Adjib:
Wong malek beli weru ngisin
Beli cukup sekilo asin
Klalen ning janji kang dingin
Nglamune sudagar bensin.

Cangkem ngomong ora mikir
Napakah laki dipungkir, ya Wa Lebe.

Wa Dulatip:
Wadon ngomong bener
Lanang ya ngomonge bener.

Keder temen nguruse
Keder temen mutuse.

Ngurusi wong doyan cekcok
Bisa-bisa lara boyok.

Uun:
Dadi kerjaan satengan
Adjib:
Lan wis dadi kewajiban

Uun:
Ora susah keder-keder
Adjib:
Lan maning aja gemeter

Adjib & Uun:
Lanang pira, wadon pira
Dibagi soal pekaya, ya Wa Lebe.

Wa Dulatip:
Ya wis kenen bae
Putusen saking Wa Lebe

Lanang oli sepikul
Wadon kang segendongan
Lanang talake wis ucul
Wadon oli gentayangan.

Uun:
Ya wis nyingkira sing ado
Bokatan wis langka jodo
Isun wis iklas lan rido
Ning sampean lanang bodo

Aja pujer jandal-jindil
Kaulan sedekah pendil, ya wong lanang.

Adjib:
Aja puas-puas temen
Mader isun wis beli demen
Sira kari ndelengaken
Isune kari umbaren.

Arepan ngidul arepan ngalor
Jagat beli segodong kelor ya wong wadon.

Wa Dulatip:
Rungokenang kabe
Ning pituture wa lebe
Sewote aja klalen
Ngomong aja keluwen
Kelingana waktu bengen
Bokatan besuke balen.

Uun:
Ora arep kolu temen
Dibaleni macem kuwen

Adjib:
Isun gah pitung turunan
Ora bakal kaedanan

Uun:
Arepan luru wong gagah
Adjib:
Los isune gah wis tega, ya wong wadon

Wa Dulatip:
Wis isun permisi
Perkara wis tek beresi
Kari ngleksanakaken
Los-los barange bagien.

Wa Lebe arepan salin
Arep ngurusi wong kawin.

Abdul Adjib feat Uun Kurniasih - Gamblong

Adjib:
Gamblong gamblong Bibi
Kulit mempur kuning
Kulit mempur kuning
Si Bibi arepan mendi?
Lan Bibie, lan Bibie balike mendi?

Uun:
Gamblong-gamblong Paman.
Kumis ireng ganteng.
Kumis ireng ganteng.
Kumis ireng ganteng.
Si Paman arepan apa.
Takon-takon, Takon-takon alamat kula

Karo kulagelem beli?
Yen gelem yu tuku klambi
Aja wuruk sudi gawe
Kula kih ana kang duwe

Adjib:
Priben yen andon mangan.
Ning restoran kang jempolan.

Uun:
Jare kula nehi-nehi.
Kurang setuju ning ati.

Adjib:
Gamblong gamblong Bibi
Priben ning karepe?
Priben ning karepe?
Priben ning karepe?
Digoda kuat imane.
Tobat-tobat, tobat-tobat ampun selawe.

Uun:
Gamblong-gamblong Paman.
Gunung Gundul Kapur.
Gunung Gundul Kapur.
Gunung Gundul Kapur.
Mendingan damai kang akur.
Dagang apa?
Dagang apa? tali temulur.

Abdul Adjib feat UUn Kuriasih - Kadipatenan

Uun:
Jeruk manis dari Jepara, wong kene
Air kelapa berasa madu, wong kene
Mau menangis takut ketara, duh Pa.
Mau bicara berasa malu.

Adjib:
Jeruk manis dari Jepara
Air kelapa berasa madu
Mau menangis takut ketara
Mau bicara berasa malu

Uun:
Ali-ali ilang matane, Cung Mani.
Diganti mirah larang regane, Cung Dede
Aja lali karo kulane, Ya Mang.
Yen ditinggal kari pira larane.

Adjib:
Ali-ali ilang matane.
Diganti karo mirah larang regane.
Aja lali aja lali aja lali aja lali karo kulane.
Bareng ditinggal kari sepira larane.

Uun:
Simbar wulan simbar taun, aduh Pa.
Megare tanpa nggon-nggonan, aduh Pa.
Ganti wulan ganti taun, duh Ma.
Yen wong demen alon-alonan.

Adjib:
Simbar wulan simbar simbar taun.
Srengenge megare kesawang katon pameran.
Ala ganti wulan ganti taun.
Wong demen krasa kudu gagean.

Uun:
Ijo-ijo godong kembili, aduh Pa.
Kliyang garing murag ning pangkon, aduh Pa.
Embuh jodoh embuh beli, duh Pa.
Asal sering kesawang katon.

Adjib:
Ijo-ijo godong kembili.
Kliyang garing tiba ning pangkon.
Sesambate embuh jodoh ya embuh beli.
Asal sering kesawang katon.

Monday, September 28, 2015

Abdul Adjib - Rangda Tuwa

Hai Rangda, Rangda Tuwa
Pikire bebalik ning boca
Wis klalen budaya bangsa
Saingan karo remaja

Sebab ning soal busana
Klalen tapi klalen kebaya
Senengane nganggo clana dawa
Kaya wasit olahraga

Pasang gaya
Ngumbar mata
Mrana-mrana
Sing cocok karo selera

Rangidimik apa kandel
Plesir dewekan kendel
Beli sok ngrasakaken pegel
Padahal urip mung setugel

Hai Rangda, Rangda Tuwa
beli kelingan sing ning uma
Jalan-jalan keliling kota
Klalen ning putu kang lima

Rangda, rangda rangda tuwa
Tingkahe selewa-lewa
Kepengen kawin karo perjaka
Bagen sora tombok harta

melodi

Hai Rangda, Rangda Tuwa
Sugi batur Manca negara
Ning luar negeri wis biasa
Eropa lan Amerika

Pasang iklan ning majalah
Mung pengen disebut gaya
Luru kepuasan ning alam dunya
Peduli umur wis manula

Main tlepon
Main henpon
Ning internet ngaton
Pentinge mung senggak guyon

Ngomong gemuyu uplek
dagang klepon sampe damplek
Nyetel kaset njoget ngiplek
Beli krasa kringet sampe ketumplek

Hai Rangda, Rangda Tuwa
Mending gage lunga ziarah
Arepan ngenteni apa
Mader beli kurang pekaya

Gage mangkata ning Mekah
Madinah langsung Arofah
Njaluka ampun lan pangapura
Ning Allah Kang Maha Kuasa

Abdul Adjib - Bayar Dewek

Dolan-dolan mungpung mingguan
Arep ngobyek ning kampung-kampung
Mungpung awake lagi waras
Rasa seneng nggawa duite segebung

Nggawa bongko sampe rongpulu
Ayam goreng nggawa rong glondong
Nggawa udud sampe patang bungkus
Cangkem sebel sebab udud terus nglepus

Bebedil luru bajing karo manuk
Oli sekandatan manuk ijo-ijoan
Disembeleh noli bumbu diaduk
Ai tobat goreng manuk enak pisan

Bebedil luru bajing karo manuk
Oli sekandatan manuk ayam-ayaman (Ijo-ijoan)
Disembeleh noli bumbu diaduk
Ai tobat goreng manuk enak pisan

Ayu batur pada mingguan
Luru manuk ijo-ijoan
Yen wis awan mampir warung bandrek
Kena jajan naning bayar dewek-dewek

Uun Kurniasih & Abdul Adjib - Ali-Ali

Ali-ali ilang matane
Digantie Mirah larang regane
Aja lali karo kulae
Kena bae yen pada senenge


Angkik Madu, Menjangan Wulung,
Yaman Pirus, Yaman Pirus, Kecubung
Badar Wesi, Kenanga, Rambang Jaran
Kabeh mau dadi kapiran

Tretesen nganggo Emas Prada
Masa dienggoa
Sebabe langka mematae
Ya copoten lan leburen
Dangdanana lan robaen modele

Abdul Adjib - Sulap

Akeh wong kecolongan
Bagen mata mlolong nanging bli kawenangan
Wong sulap kepinteran
Kadang-kadang pada karo penipuan


Tali dibuang ilang
Disakseni karo mata pirang-pirang
Bisa ketemu maning
Sebab lalie ana siji maning

Mbonggani ning wong nontone
Kang bli awas-awas temen nitenani
Dianggepe kaya patok bae
Gegodongan seger dicipta duit dadie
Padahal wis disediani duite

Sulap disebut seni
Asal bae ora dadi nyilakani
Bli bakal dadi rugi
Asal aja sulap administrasi

Abdul Adjib - Aja Bae

Aja bae ngiris landesan dengkul
Bisa-bisa mengko metu getie
Aja bae wasis klawan takabur
Bisa-bisa disengiti wong ake

Aja bae nugel tali layangan
Bisa-bisa kawur kegawang angin
Aja bae nugel wong jejodohan
Bisa-bisa kita keduhung maning


Sebaguse kita usaha
Kerukunan sekeluarga

Aja dume lan gumede
Lan elinga sepenggurine


Aja bae nangis karo memangan
Bisa-bisa digeguyu tetangga
Aja bae lamis lan lumayanan
Bisa-bisa berantakan keluarga

Abdul Adjib - Nyawa Ketiga

Bagi-bagi sesawa memaro
Pada enake iklas wong loro
Segala ongkos ditanggung penggarap
Wis lumrah, adate rakyat


Brantas Tikus, Sundep hama wereng
Pada rugie ya bareng-bareng

Nyawa ketiga sejene rendengan
Sebabe luwih kangelan


Nyawa ketiga udan telat luru banyu
Nyawa ketiga kudu teteg babad iku

Idep-idep ndadar awak
mbelani nasibeng anak


Bagi-bagi sesawa memaro
pada enake iklas wong loro

Nyawa ketiga sewiji ibadah
Mbelani anak mbari bahagia

Abdul Adjib - Tek Tunggu

Kapan bae ya waktune
Ya tek tunggu kanti sabar, kanti sabar
Bengiene ya kitae embuh bae
Ngarepaken salebareng pasar


Nabuh bende suaraneng pande
Ja gumede yen bade disade
Aja wane dasare wong gede
Dedede… aja ngede ede…

Kabeh mau ning konoe
Bareng kien nelangsa dadi nelangsa
Bokat bae sedurunge ya waktune
Pasrahaken ning Tuhan Kang Esa

Uun Kurniasih - Sega Lengko

Pa, mangga mampir krihin
Sekul lengko, tahu, tempe angetan
Mangga cobi krupuke krupuk aci
Bawang goreng mboten ketinggalan

Ajar kenal kangge langganan
Sambele, kecape sesenenge
Tokole kuluban enem-enem
Sekul pulen lan bonteng timun mente


Sampun keceluk pisan
Tahu goreng ingkang setengah mateng
Apa malih yen ngangge sambel kecap
Campur kucai tambah sedep pisan

Abdul Adjib & Uun Kurniasih - Saur Manuk

Endi duite?
nggo tuku apa maning?

Nggo mengko sore
Gampang luru maning

Kang.. Kang..
Aja undang-undang bae

Kang.. Kang..
Wis krungu sing winginane

Ana maning kang tek runding
Untung sun kesanding

Anak wis gede-gede, Kang..
Keweruan..

Rumah tangga berantakan, Kang..
Akeh Bature..

Semaur bae..
eh..eh

Saur manuk jawaban seenake
Bli bisa.. Bli bisa.. Bli Bisa.. Bli bisa..

Abdul Adjib - Priben Besuke

Pantese kegawang jaman
Wis bli usum wong isin-isinan
Waktu awan kanggo dolan
Lamun bengi guyon temenanan


Jagat padang rerangkulan
Jagat peteng pada sesikepan
Jejiwitan, sesenggolan
Sopan santun wis ora karuan

Jalan-jalan srampangan
Boncengan kebut-kebutan
Bli ketahan moregan
Bli gelem ado-adoan

Menusa priben besuke
Lamun sekien konon tingkahe
Pancene angel ngrobae
Malah-malah saya mundak bae.

Abdul Adjib - Ngelamun

Mau bengi kula ngimpi
Ngimpi nglakoni dadi wong sugi
Duwe Pulo Sepulu hektar
Inten berlian nyebar ning latar

Bareng tangi dadi kegugu
Dadak-dadak pengen (melu) gemuyu
Setitik bli ngrasakaken getun
Sebab sekabe iku (lagi) nglamun


Aja sok lalab timun
Masih mending mangan iwak
Aja sok kiyeng nglamun
Bisa-bisa mengko dadi rusak awak (badan dadi sowak)


Bonteng timun ning grabadan
Godong cipir ning pluruan
Wong nglamun matek rusak ning badan
Lara pikir matek bli karuan


Mangan sega mangan dadar
Sing asrep rupane kuning
Sekien kula wis sadar
Bli arep nglamun-nglamun maning


Abang-abang pira suwene
Kedinding kembang rerawe
Tinimbang nglamun langka gunane
Masih mending nyambut gawe

Uun Kurniasih - Nandang Perang

Para Dayang lan Ceti-ceti
Emban klaras kelawan jeplak langak
Aja kaget mulai dina iki
Sun arep gawe sejarah awak


Tetembangan katone surem
Wowoane kang lagi pada erem
Lintang-lintang sedaya kaisinen
Sang candra kang lagi pesam-pesem

Takdir bli kena dipungkir
Kadar bli kena disinglar
Nanjung bli bisa ditaksir
blai bli bisa ditukar

Wis teka ning titis tulise
Lir pendra perkutut pilar unine
Dingin pinasti anyar kang pinanggih
Dilala kersa Ilahi Robbi


**mohon maaf jika ada kata yang salah, bahasanya terlalu klasik.

Abdul Adjib & Uun Kurniasih - Kacang Goreng

Uun:
Kacang goreng kacang asin
Kacang asin akeh uyae
Dadi sinden aja aja isin
Lamun isin ya langka gayae

Adjib:
Kacang goreng emes oyong
Emes oyong akeh banyue
Dadi sinden aja aja sombong
Lamun sombong ya mantek ake musue

Uun:
Gambang kayu gage tabuen
Tabuen mah aja dipingit
Dadi wong ayu aja aja ganjen
Lamun ganjen ya akeh sing sengit

Adjib:
Angon wedus ning kebon kacang
Kebon kacang nggomae rumen
Dadi wong bagus aja aja lancang
Lamun lancang ya langka sing demen

Uun:
Kacang goreng kacang lanjaran
Kacang teles ning penggareman
Dadi sinden kang sering blajaran
Lamun males ketinggalan jaman

Adjib:
Kacang goreng kembang kilayu
Asem kecut langka kacange
Dadi sinden kang sering gemuyu
Lamun mrengut blesak disawange

Uun Kurniasih - Tirtamaya

Kelingan waktu nom-noman
Sokatan lunga plesiran
Tirtamaya dadi tujuan
Pada bareng adus-adusan


Nyawang ombak udag-udagan
Angin pesisir sumriwing ning badan
Manuk camar mabur sewang-sewangan
Gawe marek ning sawangan

Tirtamaya gawe kelingan
Ngalami gawe janji-janjian
Rikalane masih bujangan
Bareng lunga sabaparan

Wong tua sering kelangan
Ngelangi wong lagi bebarengan (beragan)
Klalen pitutur lan wejangan
Tirtamaya dadi panggon pacaran

Salah siji objek pariwisata
Banda kaya siji daerah
Indramayu ngagem wilayahe
Saben dina rame pengunjunge

Kadang-kadang sok gawe omongan
Uga sok dadi wangsalan
Tirtamaya Ki Buyut Tuban
Kaniaya mikiri nasibe badan

Abdul Adjib - Kiser Salon

Rungokaken alon-alon,
Dudu dongeng ning waktu kanggo kekelon.
Dudu dongeng anak walon,
Rungokaken soten lagu “Kiser Salon”.

Dudu salon radio, lan dudu salon kotak ana sepikere.
Nanging sebutan salon ning kono
Salah siji panggonan kang gawe ayu lan gagah
Ning sekabeh wong kang mbutuhaken.

Nguntungaken wong wadon
Ora mung sekedar sibuk ning pawon.
Kenang sebab anae salon
Wong wadon pada sibuk pantang guyon

Kramas lan potong rambut,
Cuci muka wulu cungur pada dicabut….
Pikirane ana hubungane karo soal kesehatan
Sesambate tinimbang ngluyur bli karuan

Kadang-kadang sok ana sing lucu
Wong wadon nyukur wong lanang
Kang dicukur bisa kegugu
Kang nyukure ora bisa tenang

Kang matek dadi kegugu
Mending sing rambute kriting, balik sing salon bisa pangling
Sebalike, sing rambute pating plangsing,
Balik sing salon kesawang persis kaya wong tes tangi gering.

Uun Kurniasih & Abdul Adjib - Watir Dewek

Uun:
Aja sok kiyeng ngguyoni
Aja sok kiyeng nakoni
Kula wis due bakalan
Calon kula wong gedean

Dinese ning tingkat pusat
Umae gedong bertingkat
Pundake kebek ning pangkat
Kuli-kuli pada hormat


Adjib:
Salah paham, takon soten dudu saking kula demen
Salah paham, takon soten dudu saking kula seneng

Maklum saben dina katon
Wis umume sering takon
Guyon takon dudu jaminan
Nggo perkara wong demenan


Uun:
Sebab kula ngrasa watir
Yen krungu bakalan kula
Priben yen bebalik pikir
Bisa-bisa ora sida

Uun Kurniasih - Jogedan

Wis lagi kegawa ning jaman.
Dasar lagi usum-usuman.
Ana hiburan pada kondangan.
Ngrameaken sing lagi hajatan.

Lanang wadon pada jogedan.
Senggak guyon sesenengan.
Wong nom-noman, jaka lan prawan.
Pada joged jaipongan.


Tabuane nganggoe tarling.
Kumandang suarane tarling (suling).
Ngilangaken rasa pusing.
Nikmati hiburan kang lagi nyanding.


Pengobenge sibuk mbagi soder.
Kang njogede pada antri jejer.
Surak rame kaya ana geger.
Pada keprok nyuraki kang lagi nyoder.


Suara kendang krungue ngemprang.
Kumandang ning awang-awang.
Tuan rumah ngadeg pinggir lawang.
Penganten loro disawang-sawang.


Saiki wis pada ngarti.
Wis pada bisa ngajeni.
Langka sing ribut ngrusui.
Sekabeh samia kersa miara seni.

Abdul Adjib - Wulan Purnama

Rikalane tanggal patbelase.
Wulan purnama padang cahyane.

Cahya mencurat sejagat buana.
Gawe kelingan jaman semana.

Nalika deweke turon ning pangkon.
Ngisrak-ngisrek nangis ketuwon.
Krungu omonge ngupai siji pitakon.
Sesambat kepriben esuk yen bli kelakon.


Jawabane apa jare takdir.
Pribasane aja watir-watir.
Wis kudue bareng-bareng mikir.
Tunggu waktu angin gilir.


Bokat lagi kudu kaya kenen.
Bokat lagi kudu, kudu tlaten.

Aja ngumbar napsu.
Ati napsu mong raga sing ketempuan.


Wulan purnama minangka saksi.
Kaya dene melu nangisi.
Niat ati wis ora bisa mungikiri.
Wis tekad pengene batin dadi sawiji.