Monday, September 28, 2015

Uun Kurniasih - Jogedan

Wis lagi kegawa ning jaman.
Dasar lagi usum-usuman.
Ana hiburan pada kondangan.
Ngrameaken sing lagi hajatan.

Lanang wadon pada jogedan.
Senggak guyon sesenengan.
Wong nom-noman, jaka lan prawan.
Pada joged jaipongan.


Tabuane nganggoe tarling.
Kumandang suarane tarling (suling).
Ngilangaken rasa pusing.
Nikmati hiburan kang lagi nyanding.


Pengobenge sibuk mbagi soder.
Kang njogede pada antri jejer.
Surak rame kaya ana geger.
Pada keprok nyuraki kang lagi nyoder.


Suara kendang krungue ngemprang.
Kumandang ning awang-awang.
Tuan rumah ngadeg pinggir lawang.
Penganten loro disawang-sawang.


Saiki wis pada ngarti.
Wis pada bisa ngajeni.
Langka sing ribut ngrusui.
Sekabeh samia kersa miara seni.

No comments:

Post a Comment