Monday, September 28, 2015

Abdul Adjib - Kiser Salon

Rungokaken alon-alon,
Dudu dongeng ning waktu kanggo kekelon.
Dudu dongeng anak walon,
Rungokaken soten lagu “Kiser Salon”.

Dudu salon radio, lan dudu salon kotak ana sepikere.
Nanging sebutan salon ning kono
Salah siji panggonan kang gawe ayu lan gagah
Ning sekabeh wong kang mbutuhaken.

Nguntungaken wong wadon
Ora mung sekedar sibuk ning pawon.
Kenang sebab anae salon
Wong wadon pada sibuk pantang guyon

Kramas lan potong rambut,
Cuci muka wulu cungur pada dicabut….
Pikirane ana hubungane karo soal kesehatan
Sesambate tinimbang ngluyur bli karuan

Kadang-kadang sok ana sing lucu
Wong wadon nyukur wong lanang
Kang dicukur bisa kegugu
Kang nyukure ora bisa tenang

Kang matek dadi kegugu
Mending sing rambute kriting, balik sing salon bisa pangling
Sebalike, sing rambute pating plangsing,
Balik sing salon kesawang persis kaya wong tes tangi gering.

No comments:

Post a Comment