Sunday, October 4, 2015

Abdul Adjib, Uun Kurniasih, Wa Dulatip - Cekcok

Uun:
Uma uma wis taunan.
Mekaya ora karuan.
Wong lanang doyan demenan.
Beli niat urip temenan.

Pager doyong pribasane.
Ya apa gebrage bae, ya wong lanang.

Adjib:
Aja Nyalahaken kita.
Sing salah si badan ira.
Sebabe bonggane sapa.
Beli bisa ngrawati dunya.

Duit nyanding angger prapas.
Dasar sira awak bungbas, ya wong wadon.

Uun:
Menang dewek bae.
Padahal bungbas deweke.
Pira sih bayarane?
Mader sedina Nope.

Beli ngalor, beli ngidul
Duit prapas kanggo kebul.

Adjib:
Dadi karepe kepriben?
Yen sira wis ora tlaten

Uun:
Isun wis nekad lan ngotot
Adjib:
Srog ngomonga aja isin.

Uun:
Ibarat wong mikul abot.
Kepengene liren dingin, ya wong lanang.

Uun:
Arep cukupe sing endi
Sedina bloli sekati
Pengene udude puti
Pakean pengene bersi.

Kula pegel nglakonane
Suka pragat ya jodone, Ya Walebe.

Adjib:
Wong malek beli weru ngisin
Beli cukup sekilo asin
Klalen ning janji kang dingin
Nglamune sudagar bensin.

Cangkem ngomong ora mikir
Napakah laki dipungkir, ya Wa Lebe.

Wa Dulatip:
Wadon ngomong bener
Lanang ya ngomonge bener.

Keder temen nguruse
Keder temen mutuse.

Ngurusi wong doyan cekcok
Bisa-bisa lara boyok.

Uun:
Dadi kerjaan satengan
Adjib:
Lan wis dadi kewajiban

Uun:
Ora susah keder-keder
Adjib:
Lan maning aja gemeter

Adjib & Uun:
Lanang pira, wadon pira
Dibagi soal pekaya, ya Wa Lebe.

Wa Dulatip:
Ya wis kenen bae
Putusen saking Wa Lebe

Lanang oli sepikul
Wadon kang segendongan
Lanang talake wis ucul
Wadon oli gentayangan.

Uun:
Ya wis nyingkira sing ado
Bokatan wis langka jodo
Isun wis iklas lan rido
Ning sampean lanang bodo

Aja pujer jandal-jindil
Kaulan sedekah pendil, ya wong lanang.

Adjib:
Aja puas-puas temen
Mader isun wis beli demen
Sira kari ndelengaken
Isune kari umbaren.

Arepan ngidul arepan ngalor
Jagat beli segodong kelor ya wong wadon.

Wa Dulatip:
Rungokenang kabe
Ning pituture wa lebe
Sewote aja klalen
Ngomong aja keluwen
Kelingana waktu bengen
Bokatan besuke balen.

Uun:
Ora arep kolu temen
Dibaleni macem kuwen

Adjib:
Isun gah pitung turunan
Ora bakal kaedanan

Uun:
Arepan luru wong gagah
Adjib:
Los isune gah wis tega, ya wong wadon

Wa Dulatip:
Wis isun permisi
Perkara wis tek beresi
Kari ngleksanakaken
Los-los barange bagien.

Wa Lebe arepan salin
Arep ngurusi wong kawin.

No comments:

Post a Comment