Monday, September 28, 2015

Abdul Adjib - Rangda Tuwa

Hai Rangda, Rangda Tuwa
Pikire bebalik ning boca
Wis klalen budaya bangsa
Saingan karo remaja

Sebab ning soal busana
Klalen tapi klalen kebaya
Senengane nganggo clana dawa
Kaya wasit olahraga

Pasang gaya
Ngumbar mata
Mrana-mrana
Sing cocok karo selera

Rangidimik apa kandel
Plesir dewekan kendel
Beli sok ngrasakaken pegel
Padahal urip mung setugel

Hai Rangda, Rangda Tuwa
beli kelingan sing ning uma
Jalan-jalan keliling kota
Klalen ning putu kang lima

Rangda, rangda rangda tuwa
Tingkahe selewa-lewa
Kepengen kawin karo perjaka
Bagen sora tombok harta

melodi

Hai Rangda, Rangda Tuwa
Sugi batur Manca negara
Ning luar negeri wis biasa
Eropa lan Amerika

Pasang iklan ning majalah
Mung pengen disebut gaya
Luru kepuasan ning alam dunya
Peduli umur wis manula

Main tlepon
Main henpon
Ning internet ngaton
Pentinge mung senggak guyon

Ngomong gemuyu uplek
dagang klepon sampe damplek
Nyetel kaset njoget ngiplek
Beli krasa kringet sampe ketumplek

Hai Rangda, Rangda Tuwa
Mending gage lunga ziarah
Arepan ngenteni apa
Mader beli kurang pekaya

Gage mangkata ning Mekah
Madinah langsung Arofah
Njaluka ampun lan pangapura
Ning Allah Kang Maha Kuasa

1 comment:

  1. Play Slots At The Best Real Money Casino Sites
    The Top Slots Online Casinos. 인카지노 We list 5 best real money casinos 바카라 for you to play for free. Play slots at top real 바카라사이트 money casinos online.

    ReplyDelete