Monday, September 28, 2015

Abdul Adjib - Wulan Purnama

Rikalane tanggal patbelase.
Wulan purnama padang cahyane.

Cahya mencurat sejagat buana.
Gawe kelingan jaman semana.

Nalika deweke turon ning pangkon.
Ngisrak-ngisrek nangis ketuwon.
Krungu omonge ngupai siji pitakon.
Sesambat kepriben esuk yen bli kelakon.


Jawabane apa jare takdir.
Pribasane aja watir-watir.
Wis kudue bareng-bareng mikir.
Tunggu waktu angin gilir.


Bokat lagi kudu kaya kenen.
Bokat lagi kudu, kudu tlaten.

Aja ngumbar napsu.
Ati napsu mong raga sing ketempuan.


Wulan purnama minangka saksi.
Kaya dene melu nangisi.
Niat ati wis ora bisa mungikiri.
Wis tekad pengene batin dadi sawiji.

No comments:

Post a Comment