Monday, September 28, 2015

Abdul Adjib - Ngelamun

Mau bengi kula ngimpi
Ngimpi nglakoni dadi wong sugi
Duwe Pulo Sepulu hektar
Inten berlian nyebar ning latar

Bareng tangi dadi kegugu
Dadak-dadak pengen (melu) gemuyu
Setitik bli ngrasakaken getun
Sebab sekabe iku (lagi) nglamun


Aja sok lalab timun
Masih mending mangan iwak
Aja sok kiyeng nglamun
Bisa-bisa mengko dadi rusak awak (badan dadi sowak)


Bonteng timun ning grabadan
Godong cipir ning pluruan
Wong nglamun matek rusak ning badan
Lara pikir matek bli karuan


Mangan sega mangan dadar
Sing asrep rupane kuning
Sekien kula wis sadar
Bli arep nglamun-nglamun maning


Abang-abang pira suwene
Kedinding kembang rerawe
Tinimbang nglamun langka gunane
Masih mending nyambut gawe

No comments:

Post a Comment