Friday, December 16, 2016

H. Abdul Adjib - Jajan Baso

Sanajan jare lagi krisis moneter
Tukang baso masih dagang pating sleter
Keliling kota darang dorong dongdangan
Atih bunga kenang sugi langganan

Langgan wadon pirang-pirang
Sing lanang arang-arang
Ikuh apa sebabe coba priben jawabe

Dudu ngledek, ayo dibadek

Wong wadon rong mangkok entek
Karo gemuyu mewek
Wong lanang sih angger cuek
Sebab due baso dewek

Ana siji langgan sing ayu temen
Kuwayang bae pirang-pirang kang demen
Pesam pesem mata nyawang beli bosen
Pantes temen yen pacare kumisen

Aduh nok pengen kenal
Aja gemek ditinggal
Aku ini bos baso
Dagang seminggu pindo
Dina Slaso karo dina Rebo

Sanajan ngider adoh
Nanging beli krasa lempo
Larise wong dagang baso
Baso dewek masih loro

Jajan baso oli kanggo hiburan
Bisa dadi kanggo tempat pacaran
Esuk janji sore teka loroan
Mangan baso ngobrol bareng sesonoan

Kurang pedes tambah sambel
Aja judes matek sebel
Kurang asin tambah uya
Wong isin bisa bahaya

Pegawe kantor.. golongan aktor

Sing balike numpak motor
Weteng wareg wenting kendor
Ngeloyong parane ngalor

Cangkem pedes cungur mol……

Sunday, October 4, 2015

Abdul Adjib, Uun Kurniasih, Wa Dulatip - Cekcok

Uun:
Uma uma wis taunan.
Mekaya ora karuan.
Wong lanang doyan demenan.
Beli niat urip temenan.

Pager doyong pribasane.
Ya apa gebrage bae, ya wong lanang.

Adjib:
Aja Nyalahaken kita.
Sing salah si badan ira.
Sebabe bonggane sapa.
Beli bisa ngrawati dunya.

Duit nyanding angger prapas.
Dasar sira awak bungbas, ya wong wadon.

Uun:
Menang dewek bae.
Padahal bungbas deweke.
Pira sih bayarane?
Mader sedina Nope.

Beli ngalor, beli ngidul
Duit prapas kanggo kebul.

Adjib:
Dadi karepe kepriben?
Yen sira wis ora tlaten

Uun:
Isun wis nekad lan ngotot
Adjib:
Srog ngomonga aja isin.

Uun:
Ibarat wong mikul abot.
Kepengene liren dingin, ya wong lanang.

Uun:
Arep cukupe sing endi
Sedina bloli sekati
Pengene udude puti
Pakean pengene bersi.

Kula pegel nglakonane
Suka pragat ya jodone, Ya Walebe.

Adjib:
Wong malek beli weru ngisin
Beli cukup sekilo asin
Klalen ning janji kang dingin
Nglamune sudagar bensin.

Cangkem ngomong ora mikir
Napakah laki dipungkir, ya Wa Lebe.

Wa Dulatip:
Wadon ngomong bener
Lanang ya ngomonge bener.

Keder temen nguruse
Keder temen mutuse.

Ngurusi wong doyan cekcok
Bisa-bisa lara boyok.

Uun:
Dadi kerjaan satengan
Adjib:
Lan wis dadi kewajiban

Uun:
Ora susah keder-keder
Adjib:
Lan maning aja gemeter

Adjib & Uun:
Lanang pira, wadon pira
Dibagi soal pekaya, ya Wa Lebe.

Wa Dulatip:
Ya wis kenen bae
Putusen saking Wa Lebe

Lanang oli sepikul
Wadon kang segendongan
Lanang talake wis ucul
Wadon oli gentayangan.

Uun:
Ya wis nyingkira sing ado
Bokatan wis langka jodo
Isun wis iklas lan rido
Ning sampean lanang bodo

Aja pujer jandal-jindil
Kaulan sedekah pendil, ya wong lanang.

Adjib:
Aja puas-puas temen
Mader isun wis beli demen
Sira kari ndelengaken
Isune kari umbaren.

Arepan ngidul arepan ngalor
Jagat beli segodong kelor ya wong wadon.

Wa Dulatip:
Rungokenang kabe
Ning pituture wa lebe
Sewote aja klalen
Ngomong aja keluwen
Kelingana waktu bengen
Bokatan besuke balen.

Uun:
Ora arep kolu temen
Dibaleni macem kuwen

Adjib:
Isun gah pitung turunan
Ora bakal kaedanan

Uun:
Arepan luru wong gagah
Adjib:
Los isune gah wis tega, ya wong wadon

Wa Dulatip:
Wis isun permisi
Perkara wis tek beresi
Kari ngleksanakaken
Los-los barange bagien.

Wa Lebe arepan salin
Arep ngurusi wong kawin.

Abdul Adjib feat Uun Kurniasih - Gamblong

Adjib:
Gamblong gamblong Bibi
Kulit mempur kuning
Kulit mempur kuning
Si Bibi arepan mendi?
Lan Bibie, lan Bibie balike mendi?

Uun:
Gamblong-gamblong Paman.
Kumis ireng ganteng.
Kumis ireng ganteng.
Kumis ireng ganteng.
Si Paman arepan apa.
Takon-takon, Takon-takon alamat kula

Karo kulagelem beli?
Yen gelem yu tuku klambi
Aja wuruk sudi gawe
Kula kih ana kang duwe

Adjib:
Priben yen andon mangan.
Ning restoran kang jempolan.

Uun:
Jare kula nehi-nehi.
Kurang setuju ning ati.

Adjib:
Gamblong gamblong Bibi
Priben ning karepe?
Priben ning karepe?
Priben ning karepe?
Digoda kuat imane.
Tobat-tobat, tobat-tobat ampun selawe.

Uun:
Gamblong-gamblong Paman.
Gunung Gundul Kapur.
Gunung Gundul Kapur.
Gunung Gundul Kapur.
Mendingan damai kang akur.
Dagang apa?
Dagang apa? tali temulur.

Abdul Adjib feat UUn Kuriasih - Kadipatenan

Uun:
Jeruk manis dari Jepara, wong kene
Air kelapa berasa madu, wong kene
Mau menangis takut ketara, duh Pa.
Mau bicara berasa malu.

Adjib:
Jeruk manis dari Jepara
Air kelapa berasa madu
Mau menangis takut ketara
Mau bicara berasa malu

Uun:
Ali-ali ilang matane, Cung Mani.
Diganti mirah larang regane, Cung Dede
Aja lali karo kulane, Ya Mang.
Yen ditinggal kari pira larane.

Adjib:
Ali-ali ilang matane.
Diganti karo mirah larang regane.
Aja lali aja lali aja lali aja lali karo kulane.
Bareng ditinggal kari sepira larane.

Uun:
Simbar wulan simbar taun, aduh Pa.
Megare tanpa nggon-nggonan, aduh Pa.
Ganti wulan ganti taun, duh Ma.
Yen wong demen alon-alonan.

Adjib:
Simbar wulan simbar simbar taun.
Srengenge megare kesawang katon pameran.
Ala ganti wulan ganti taun.
Wong demen krasa kudu gagean.

Uun:
Ijo-ijo godong kembili, aduh Pa.
Kliyang garing murag ning pangkon, aduh Pa.
Embuh jodoh embuh beli, duh Pa.
Asal sering kesawang katon.

Adjib:
Ijo-ijo godong kembili.
Kliyang garing tiba ning pangkon.
Sesambate embuh jodoh ya embuh beli.
Asal sering kesawang katon.

Monday, September 28, 2015

Abdul Adjib - Rangda Tuwa

Hai Rangda, Rangda Tuwa
Pikire bebalik ning boca
Wis klalen budaya bangsa
Saingan karo remaja

Sebab ning soal busana
Klalen tapi klalen kebaya
Senengane nganggo clana dawa
Kaya wasit olahraga

Pasang gaya
Ngumbar mata
Mrana-mrana
Sing cocok karo selera

Rangidimik apa kandel
Plesir dewekan kendel
Beli sok ngrasakaken pegel
Padahal urip mung setugel

Hai Rangda, Rangda Tuwa
beli kelingan sing ning uma
Jalan-jalan keliling kota
Klalen ning putu kang lima

Rangda, rangda rangda tuwa
Tingkahe selewa-lewa
Kepengen kawin karo perjaka
Bagen sora tombok harta

melodi

Hai Rangda, Rangda Tuwa
Sugi batur Manca negara
Ning luar negeri wis biasa
Eropa lan Amerika

Pasang iklan ning majalah
Mung pengen disebut gaya
Luru kepuasan ning alam dunya
Peduli umur wis manula

Main tlepon
Main henpon
Ning internet ngaton
Pentinge mung senggak guyon

Ngomong gemuyu uplek
dagang klepon sampe damplek
Nyetel kaset njoget ngiplek
Beli krasa kringet sampe ketumplek

Hai Rangda, Rangda Tuwa
Mending gage lunga ziarah
Arepan ngenteni apa
Mader beli kurang pekaya

Gage mangkata ning Mekah
Madinah langsung Arofah
Njaluka ampun lan pangapura
Ning Allah Kang Maha Kuasa

Abdul Adjib - Bayar Dewek

Dolan-dolan mungpung mingguan
Arep ngobyek ning kampung-kampung
Mungpung awake lagi waras
Rasa seneng nggawa duite segebung

Nggawa bongko sampe rongpulu
Ayam goreng nggawa rong glondong
Nggawa udud sampe patang bungkus
Cangkem sebel sebab udud terus nglepus

Bebedil luru bajing karo manuk
Oli sekandatan manuk ijo-ijoan
Disembeleh noli bumbu diaduk
Ai tobat goreng manuk enak pisan

Bebedil luru bajing karo manuk
Oli sekandatan manuk ayam-ayaman (Ijo-ijoan)
Disembeleh noli bumbu diaduk
Ai tobat goreng manuk enak pisan

Ayu batur pada mingguan
Luru manuk ijo-ijoan
Yen wis awan mampir warung bandrek
Kena jajan naning bayar dewek-dewek

Uun Kurniasih & Abdul Adjib - Ali-Ali

Ali-ali ilang matane
Digantie Mirah larang regane
Aja lali karo kulae
Kena bae yen pada senenge


Angkik Madu, Menjangan Wulung,
Yaman Pirus, Yaman Pirus, Kecubung
Badar Wesi, Kenanga, Rambang Jaran
Kabeh mau dadi kapiran

Tretesen nganggo Emas Prada
Masa dienggoa
Sebabe langka mematae
Ya copoten lan leburen
Dangdanana lan robaen modele