Sanajan jare lagi krisis moneter
Tukang baso masih dagang pating sleter
Keliling kota darang dorong dongdangan
Atih bunga kenang sugi langganan
Langgan wadon pirang-pirang
Sing lanang arang-arang
Ikuh apa sebabe coba priben jawabe
Dudu ngledek, ayo dibadek
Wong wadon rong mangkok entek
Karo gemuyu mewek
Wong lanang sih angger cuek
Sebab due baso dewek
Ana siji langgan sing ayu temen
Kuwayang bae pirang-pirang kang demen
Pesam pesem mata nyawang beli bosen
Pantes temen yen pacare kumisen
Aduh nok pengen kenal
Aja gemek ditinggal
Aku ini bos baso
Dagang seminggu pindo
Dina Slaso karo dina Rebo
Sanajan ngider adoh
Nanging beli krasa lempo
Larise wong dagang baso
Baso dewek masih loro
Jajan baso
oli kanggo hiburan
Bisa dadi
kanggo tempat pacaran
Esuk janji
sore teka loroan
Mangan baso
ngobrol bareng sesonoan
Kurang pedes
tambah sambel
Aja judes
matek sebel
Kurang asin
tambah uya
Wong isin
bisa bahaya
Pegawe kantor..
golongan aktor
Sing balike
numpak motor
Weteng wareg
wenting kendor
Ngeloyong parane
ngalor
Cangkem pedes
cungur mol……
No comments:
Post a Comment